Wednesday, September 28, 2011

Parikan Gawe Sedulur - Bandar Dadu

Coba di gagas lelakonku iki,
Ra ono senenge susah sing tak temoni,

Ngolah –ngalih gaweyan kabeh ora nate ngundhuh,
Dino-dino rasane mung pengin misuh, …embuh…

Nyoba nggarap sawah tinggalane leluhur,
Gumun ku saben wayah tandur,
Rego rebuke dhuwur,
Bareng tibo panen rega gabahe mundur
Kabeh modal utangan ora biso kesaur,
Ajuuuur…..

Sawah didol murah nyicil angkudes,
Rego bensin mundhak sasat koyo ngetes,

Tarip di undhakne penumpange nggrundel wae
Kerep telat oli rusak ring sak metale…..
oohhhh….. kere….kere…

Montor neng bengkel ora iso ogel-ogel,
Rasane uripe mung kari theyel-theyel,
Nyepi neng kuburan golek nomer togel
Nomer jeblok dadi tambah dhedhel duel,
Ooh……. G***EL,

Kabeh dalan wis buntu,
Nuli nekat madeg dadi bandar dadu,
Durung ono sing udhu,
Keamanan wis njaluk sangu,

Ono oknum tentara ono oknum polisi,
Obrakan sing wingi-wingi,
Wis kerep tak amplopi,
Bareng prei ora nyangoni,
Aku diseret nyang bui,
Diganjar telung sasi,
Misuh njeroning ati…
***AI….

-mbejing dino jum’at,
-biasane kathah tiyang kumat,

Friday, September 16, 2011

Parikan Gawe Sedulur - Peni Teko Ngawi - Bab Telu

Iki minangkani penyuwune konco-konco,
Sing ora sabar ngerti akhire cerito,
Cerita sing kadhung tak babar lan di woco,
Diwoco karo Mbak Retno, Yu Ida Rahmanto, lan Mas Kentus Wikantoyoso,

Sakjane ceritane aku dhewe wis lali,
Sebab wis ora tak senggol watara sepuluh sasi,
Mulai riyoyo tahun wingi,
Ning bareng tak rakit critane koyo ngisor iki,

Naliko Supangat karo Peni lagi nglakoni acara sing wis diniati,
Lek jare Kushendratmo iki acara 'Berpacu Dalam Melodi', (He..he... he... )
Ono neng kamar hotel kelas tinggi,
Sing di lakoni nganti sewengi,

Naliko Peni bangun di pagi hari,
Peni sadar yen babar pisan ora nganggo klambi,
Kabeh wis di lucuti,
Ono sing semampir neng kursi yo ono sing neng ndhuwur sprei,

Ora weruh kedadeyan opo sing di lakoni sewengi,
Mugo-muga wae ora nganti mlebu tipi,
Padahal kedadeyan iki mirip crito ne Ariel karo Cut Tari,
Opo ngono Dhi?

Bengi pas mbarengi ‘shooting’ e Supangat sing krenggosan,
Acara karo Peni sing persis acara macam-macam sesi pemotretan,
(..he..he..he.. )dengan pengarah gaya niru suhu Nungki Cristyawan,
Kanthi adegan sing kebak nafas buatan,

Neng Indonesia Nyonya Supangat atine dadi ora karu-karuan,
Atine dadi was-was lan deg-degan,
Kok deg-deg iki ora koyo padatan,
Iki biasa kanggo wong sing peka insting lan tajam perasaan,

Sadar yen duwe bojo neng adoh paran,
Ny Supangat nuli ndonga kanggo keselamatan kanggo Supangat sang sisihan,
Memuji marang ngarsane Allah kang Maha Wikan,
Kanthi sadar Ny. Supangat wudhlu neng padasan,
Di terusne alon-alon moco Al Qur'an,

Nenuwun supoyo bojone ora keno ngodha setan,
Sing arupo wanita ayu utowo prawan,
Prawan tuwo utowo prawan temenan
Utowo prawan sing membo ibu-ibu sing rupawan,

Ora kroso wengi wis ngancik isuk,
Ora kroso mripat wis suwe olehe ngantuk,
Bocah-bocah kabeh wis suwe anggone bubuk,
Hawane dirasakne Ny Supangat tambah sumuk,

Ning anggone nenuwun tambah tawaduk,
Nganti ngempet dehem lan watuk, ora kari sajadah tanpa pisah karo bathuk,
Karo meneng tanpo sebab ning dirasakne kok atine malah remuk,
Opo sebabe wuk?

Lamat lamat teko radio RRI,
Muter lagu-lagu campursari,
Lagu endah ning tambah ngiris-ngiris ati,
Lirike rasake cocok kanggo wong sing di tinggal suami,

“Naliko dek jaman semono,
Tresnamu setyo lan tuhu,
Anane mung tansah ngalembono,
Jujur ora nate cidro,

Mulo aku tansah animbangi,
Tresnaku ginowo mati,
Ora ono lintang kang sumunar,
Amung ndiko pepujanku,

Sliramu pamit tugas ngayahi,
Mrih rahayu ne sesami,
Nggonku muji kariyo basuki,
Suk kapan anggonmu bali..

Peteng dhedhet rasaning atiku,
Bareng keprungu kabarmu,
Nyatane sing kondur mung layangmu,
Ora liyo kena godha”

Heladalah,
Surasane kok nggarahi wong susah,
Surasane kok ngiris-iris manah,
Nyonya Supangat tambah sengkut anggone nyeyuwun neng Gusti Allah,

Ora kroso teko mripat ono banyu sing mili,
Rumongso urip adoh teko suami,
Romongso lagune cocok karo suasane hati,
Suasane sing suwalike dirasakne Supangat lan Peni sing lagi haha hihi,

Prang…
Suara kacane pigura photo pernikahan pecah dadi pirang-pirang,
Ny Supangat kaget bukan kepalang,
Pertanda apa yang akan datang?

ono sambungane