Wednesday, May 9, 2012

Parikan Gawe Sedulur - Mundur

Ati deg-degan dadi sumyur,
Ono pengumuman teko pejabat ndhuwur,
Koyo sing wis tak ukur,
Awak yen lagi ora mujur,

Mundhake gaji sing di janjeni bakal di undur,
....... atiku mung misuh .......BAJIGUR...
Iki kok koyo model politik tarik ulur,
Kamongko wis tak jagakne gawe mbayar kreditan kasur,

Bojoku yo wis njaluk di tukokne wedhak pupur,
Yen cukup yo ditambah lulur,
Malah anakku wis ngajak rekreasi numpak sepur,
Jare bojoku beras-e yo wis entek wayahe nempur,

Malah utang neng warung wis wayahe nyaur,
Yen metu paling ora iso di gawe nambah ngebul dapur,
Alhamdulillah yen iso di gawe ndandani sumur,
Ning wis koyo di atur,

Mundhake gaji dino iki mundur,
Kabeh angen-angenku dadi mabur,

Ning dhasar aku wong luhur,
Lek Jare ibuku aku termasuk wong jujur,
Mamulo aku ora kok terus tumindak ngawur,

Kojur-kojur,
Terus piye iki dulur?
Lek ngene ki sopo sing kudu aweh pitutur
Pitutur nyang wong ndhuwur?

Opo aku iki di anggep bangsane kenthur,
Sing nomer togel-e nomer telulikur,
Opo aku iki mung doyan sayur?
Opo dipikir obatku trimo beras kencur?

Sing ora butuh duit mergo wis uzur?
Oalah Ajur-ajur,
Iki suwe suwe kok mbulet koyo susur,
Ning yen sepisan maneh di undur,

Wah........ aku ora iso matur,
Sing jelas iki bakalan tewur,
Sajake podho ngajak tawur,

Piye dulur?
Akur??
Sing setuju tangane diangkat mendhuwur!!


 Edisi: sumyur