Tuesday, August 14, 2012

Parikan Gawe Sedulur - Ngelu

Sirahku rasane koyo di thuthuk palu,
Aku lungguh neng kursiku,
Wayah nggarap laporan saben minggu,
Bingung , padahal laporan kuwi kudu,

Aku clingukan opo wae sing perlu,
Perlu di tulis neng buku,
Olehku mikir nganti ngelu,
Aku dideadline jam pitu,

 Padahal iki wis meh jam nem,
Srengengene wis mulai surem,
Mripatku wis njaluk merem,
Sikil rasane kabeh njarem,

 Soale bubar kunjungan neng kantor cabang,
Ndelok kondisine opo sing kurang,
Sing iso digarap kanthi rego sing ora larang,
Munggah mudun tangga ping pirang-pirang,

 Clingak-clinguk rasane malah pengin turu,
 Wujude laporan sik during metu,
 Kamongko pak bos wis nunggu,
 Rekapan laporan iki dadi ukuran kerjaku,

 Neng ngarepku lungguh wanodya ayu,
 Nggawe rok span sak nduwure pupu,
 Sajake wis rodok lesu,
 Praupane katon lencu,

 Mulane boyoke diselehne bangku,
 Sajak lungguhe setengah turu,
 Aduh….mripatku…
 Weruh barang sing rodo saru,

 Tangane uthek2 dolanan BB,
 Neng kursi boyoke di sendhekne,
 Setengah ora sadhar sikile di jarne,
 Nganti ora karu-karuan enggone,
 Lan malih katon sembarange,

 Aku mung iso nahan nafas,
 Nganti ora kroso yen AC-ne panas,
 Aku nglrik karo roso was-was,
 Wong dheweke lungguh karo kipas-kipas,

Aduh Mak-e….
Tak delok opo tak neng ne?
Lha laporanku terus piye?
Sopo sing arep nerusne…
Oalah …thole…thole…..

Utekku malih buntu,
Tangan dadi kaku,
Ngetik tansah kleru,
Nulis abang dadi biru,

Aduh… aku ngelu,
Piye laporanku,
Ora mari-mari mergo ono sing mengganggu,
Wis … tak putusi…..laporan tak kirim dino Sabtu,

 Sori bos….

 Edisi : cluthak .