Sunday, May 28, 2017

Parikan Gawe Sedulur - Kaos Baru


Malam Minggu,
Aku mlaku-mlaku,
Karo anak lan bojoku,
Nggawe kaos baru,

Sing dikirim karo koncoku,
Dikirim pas dino sabtu,
tak Gawe neng  Alun-2 Batu,
Gak sengaja aku ketemu,

Ketemu karo familiku,
Dhe’e ngomong, “kok apik kaosmu?”
“Iyo” jawabku,
Wong iki aku ora tuku,

Di wemehi koncoku,
Bungah lan seneng-e atiku,
Nyatane koncoku perhatian karo aku,
Aku dadi terharu,

Tengkyu,

Ukuranne jan pas
Ora mbuak babar blass,
Aku malih koyo artis papan atas,

Gayaku gak lagi melas,
Sing jelas,
Pilihane berkelas,
berkualitas,

aku dadi ngeroso jan waras..


Edisi :Tengkyu Co

Parikan Gawe Sedulur –Peni Teko Ngawi – Bab 5

Peni saiki wis berubah,
Saiki dadi wong sing tekun ngibadah,
Tahun ngarep titele wis tambah,
Karo Bojone lungo kaji neng Mekah,

Bali mulih mesti wis kasebut Hajjah,
Karo bojone malah wis dihadiahi omah,
Kamongko regane ora murah,
Tandhane bojone tresno ora lumrah,

Saiki Peni manggon neng omah anyar,
Nyedhaki kerjone sing yo tambah mayar,
Ora kakehan tuntutan lan gebyar,
Kabeh di lakoni kanthi lancar,

Uripe Peni tambah tumata,
Ora nate kroso rekasa,
Kabeh di lakoni kanthi marem ing rasa,
Senajan urip adoh karo ingkang raka,

Ning urip pancen  ora luput teko godha,
Jenenge menungso ora luput teko salah lan dosa,
Semono ugo Peni sing uripe tambah mulyo,
Prembik2 penggoda mulai ono,

Naliko pindah neng panggonan saiki,
Peni kanthi duwe kepinginan kang suci,
Salah sijine pengin adoh karo Edi,
Sing nate menehi hadiah Blackberry,

Naliko di tinggal,
Edi ora ketingal,
Saiki wis ora nate nggodha kanthi nakal,
Padahal iki ora halal,

Ning Edi sik sering kirim sms,
Senajan iki ora pantes
Peni wis ora gelem bales,
Pen iwis ora rumongso maneh gemes,

Semono ugo akeh nasabahe kaget,
Malah ono sing kirim kabar lek kangen,
Padahal rata2 umure wis mepet,
Dasar nasabahe akeh sing ganjen,

Dasar Peni wong sing supel,
Wonge yo ora gampang mangkel,
Yen mangan senengane sambel,
Saiki malih sering mangan nasi timbel,

Nuwun sewu, meniko dereng cuthel,
Kepekso critane kulo punggel,
Lek dowo-2, mangke wonten ingkang mungel….
….crito kok mutel-mutel….(eh muter..muter)


Edisi : memenuhi janji