Friday, January 7, 2011

Parikan Gawe Sedulur - Istri Simpanan

Iki istilah kanggo jaman edan,
Biyen kuwi akeh di gawe pas jaman kerajaan,
Istilah asline garwa ampean,
Utowo bojo silihan,
Dadi dudu bojo temenan,
Soale garwa iki biasane upeti teko kerajaan telukan,
Ugo teko negara jajahan,
Ugo bojo teko hasil rampasan peperangan,
Kadang-kadang bojo iki upeti teko bawahan,
Supoyo bawahane mundak jabatan,
Dadi menungso di anggep barang srah-srahan,
Kuwi lek jaman kerajaan,

Jaman saiki iki istilah istri simpanan digawe pelegalan,
Supoyo dianggep syah karo masyarakat kebanyakan,
Kadang ono sing disebut istri kontrakan,
Bojo sing di gawe dalam jangka waktu yang ditentukan,
Mesthine ugo gawe syarat dan ketentuan,
Sing wadon yo nduwe penjalukan,
Contone yen nyopir ora oleh uga-ugalan,
Ning sing lanang ora kurang alasan,
‘lha kan wis bayar biaya secara lumpsum (baca : lamsam),
kudune olehe nggawe yo sak karepe juragan’
Oleh ‘di setir’ wayah bengi ugo wayah awan,
Kadhang nganti ora ngerti papan panggonan,
Sing kudune ono kamar peraduan... eeee... malah ono tengah lapangan,
Kuwi crito sing pernah takwoco neng koran,
Koran sing di pandhegane pak Dahlan Iskan,
Sepisan maneh sing iki mung crito neng koran,

Yen neng istilah jual beli kendaraan,
Istilah simpanan berarti menaikkan harga penjualan,
Soale mesti jarang pemakaian,
Mestine yo jarang metu neng jalanan,
Kadang cuman digawe sewulan sepisan,
Kilometer-e mung berkisar ribuan,
Yen servis mesti neng bengkel kenamaan,
Mulane yen di dol maneh mesti akeh permintaan,
Lha sing iki istilahe makelaran,

Istri simpanan kadang mung di gawe nyalurne hawa nafsu,
Nafsu marang wong wadon sing luwih ayu,
Ora tahan weruh aluse lan mrusuhe pupu,
Dibandingne karo sing ono omah sing wis katon lencu,
Umpamane kertas wis bolak-balik kecelup banyu,
Soale isin yen mesti ndadak ‘tuku’,
Sing penting kaleksananan sing dituju,
Tuntunan agama ora di paelu,

Sing dadi istri simpanan kadhang isik bocah usia belasan,
Ono ugo sing sik umur sekolahan,
Ono sing isik mahasiswa alias bocah kuliahan,
Jarene iso di gawe nambah tuku jajan,
Ning akeh sing terus di gawe penggaotan,
Ora ketang dodol barang sing di eman-eman,
Nganti bojo resmine mengko ora keduman,

Istri simpenan akeh dinikah secara siri,
Soale ora diizini rabi karo sang istri secara resmi,
Sejatine nikah sing iki ugo sah secara agami,
Ning emane akeh sing ora ngerti,
Sing jelas iki bedo karo poligami,
Sing wis di contoni dening kanjeng Nabi,
Soale ora sithik sing ninggal wali,
Sing penting moco syahadat neng ngarepe kyai,
Kanthi disekseni karo wali sing di bayari,
Sing penting iso berhubungan layaknya suami istri,
Ben ora di grebek karo tonggo kanan kiri,
Ben ora di laporne karo pak polisi,
Soale iso mlebu bui,
(Contone Gus Puji),
Opo maneh lek sing lapor sang istri,
Akhire iso di muat neng berita pagi,
Iso dimuat neng koran ugo neng tipi,
Yen nganti ngerti tonggo teparo iso ngisin-isini,
Alias mempermalukan sanak lan famili,
Malah kadhang nganti dadi urusan instansi,

Mulani mbakyu Suci lan Dhik Peni,
Sampeyan kabeh sing ngati-ati,
Ojo sampeyan nglakoni koyo judul iki,
Opo maneh yen hubungane karo Pegawai Negeri,
Mesti urusane kedawan-dawan ora mari-mari,
Soale wis ono peraturan Menteri,
Sing ngatur kedudukan suami lan istri pegawai,
Istri siri ora diakoni,
Ora iso dilebokne neng daftar gaji,
Ora oleh tunjangan representasi,
Ora iso nompo pensiun neng tembe mburi,
Yen tentara istri model iki ora oleh tunjangan istri,
Soale ora iso kawin tangsi,
Yen ngene terus opo sing di goleki,
Nuwun sewu.... wong wadon mung oleh p*****i...

xixixixixi..

No comments: