Monday, January 10, 2011

Parikan Gawe Sedulur – Peni Soko Ngawi - bab loro

Naliko Peni ono tugas ke luar negri,
Peni kirim kabar lewat koneksi wifi,
Peni teko jakarta langsung neng bandara sing terkenal neng negoro tanggi,
Jeneng bandarane di akhiri huruf i,
Neng kono Supangat wis ngenteni,
Ngadeg gagah karo ambune minyak wangi,
Rambute klimis ora kari.

Wong loro nuli menyang hotel numpak taksi,
Taksi sing di pesen khusus kanggo Peni,
Yo mesti wae Supangat sing mbayari,
Yen ora, iso jatuh gengsi,

Neng njero taksi tangane Peni tansah di gondeli,
‘berpegangan tangan’ jare arek saiki,
Koyo critane bocah nom-noman sing tas kaet rabi,
Memper sir-sirane muda-mudi,
Wong loro wis ora eling sangkan paran dumadi,

Supangat ora eling yen duwe anak istri,
Semono ugo Peni ora eling yen wis duwe suami,
Demi kepuasan kabeh podho kumbi,
Lek ora ngerti, kumbi kuwi artine podho karo ‘ngapusi’
…xixixixixixi….

Wong loro olehe lungguh mepet koyo kentekan kursi,
Klesik-klesik lirih ben ora dirungokne karo sing nyupiri,
Soale akeh supir taksi sing asline TKI,
Sing asal daerahe Pati, Ngawi, lan Banyuwangi
Sing mesthine kabeh iso boso Jawi,

Supir taksi api-api ora ngerti,
Karo premati supir taksi nuli nyetel cidi,
Lagune lha kok kebeneran nyocoki suasana sing terjadi,
Syair lagune koyo ngiso iki,

‘satus sasi lawase nggonku ngenteni’
‘mung sliramu wong bagus kang dadi ati’
‘rino wengi mung tansah tak impi-impi’
‘jroning ati kangenku setengah mati’

‘jenang gulo, yo mas yo, mbok ojo lali’
‘ngelingono rikolo jaman semono’
‘sliramu janji aku setio’
‘ngenteni lahir batin tersnaku terusing ati’

‘kangen!… wong kangen ngene ngene rasane’
‘rindu-rindu ….. (* rindu nih yeee*) …wong bagus kowe tak tunggu’
‘kangen!… wong kangen opo opo tambane’
‘rindu-rindu tambane kudu ketemu’

Wheladhalah….tibake supir taksi nunggal sak nagari,
Dadi TKI mulai tahun songo siji,
Supangat lan peni kaget setengah mati,
Wah ojo-ojo iki salah sijine PAPARAZI...

Tekan hotel nuli nyelehne barang bawaan,
Dibantu karo room boy sing cekatan,
Pokoke kabeh diladeni model juragan,
Sasat fasilitase hotel di golekne sing number one,

Kabeh mung kari nglebokne tagihan,
Lan Peni ora perlu ngelongi duit bulanan,
Kabeh ditanggung karo Supangat sing ganteng lan rupawan,
(jare Pen ndeloke kudu teko Parkirane fakultas Perikanan)

Batine Supangan ‘ ora opo-2 sing penting iso ketemu karo wanita idaman’
‘apapun akan kuberikan’,
‘jangankan mbayar hotel semalaman’
‘Satu bulanpun akan aku usahakan’
‘Hmmmmm tapi harus ngikuti syarat dan ketentuan’
‘ Paling tidak kudu ono pajak pelayanan’
…. Edan…edan…..

Sakwiso nompo Kunci,
Peni nuli mlebu kamare seorang diri,
Nuli peni reresik alias mandi,
Si Supangat kanthi sabar ngenteni,
Olehe ngenteni ono Lobi,
Ngenteni karo lihat kanan kiri,
Soale Supangat rodok wedi,
Mbokmenawa ono sing ngonangi,
Kan iso dilaporne karo sang Istri,
Wah iso blai,
Lek nganti ketemon wong liyo kan iso kebuka wadi,

Dasare Supangat wis ngebet,
Kabeh rekodoyo supoyo wadine tetep slamet,
Ora ketang mlakune thimik-thimik katon nggremet,
Karo ndhingkluk memper wong mumet,
Koyo mlakune wong nggoleki duit neng suket ,
Soale yen konangan kabeh iso ruwet,

Malam mulai datang,
Lampu-lampu mulai menyala terang,
Peni dan Supangat sepakat cari makan asal masakan Padang,
Karena ini kota bukanlah kota Malang,
Tapi kota dengan seribu pendatang,
Akhirnya Supangat memabawa Peni ke rumah makan romantic dengan lampu yang kurang terang,

Peni dudu wong sing gaul,
Wong bapake biyen yo pernah nyekel pacul,
Ibune wae yen masak isik nggawe wakul,
Ibune biyen yo pernah masak thiwul,
Ning Peni dudu wanito sing duwe otak tumpul,
Ning ngadhepi supangat atine gampang banget dirangkul

Ning Peni baru ngerti dunia malam,
Mangan di kancani lampu sing temaram,
Yen mangan kudu nggawe talam,
Ndelok uwong ketoke tampak kelam,
Lha kok di wenehi sirup sing nggarahi kubam,
Nganti Peni ora sadar nganti pirang-pirang jam,



Sik ono sambungane

No comments: