Sore bubar maghriban wetengku luwe ora jamak. Kebeneran konco sak kos-an ku arep dha budhal mangan. Mergo sepedha motore ana loro terus wonge ana papat kepeksa ngalah aku ora melu mangan metu bareng. “Titip wae pecel lele sambele ora pedhes ya!” clulukku nyang salah sijine kancaku sing jenenge Wahyu karo ngulungne dhuwit sepuluh ewuan siji. “Ya pak!” kanthi sigrak Wahyu nyengklak sepedha motore. Naliko kanca-kanca budhal, aku nerusne anggonku nonton berita ing TV. Tak enteni nganti sakjam kanca-kanca ra teko-teko. “Wah ......nyandi bocah-bocah ki?” batinku. Kira-kira jam 8:30 wib kanca-kanca teko soko warung kanthi nggawa bungkusan pesenanku. “Wah cocok iki weteng luwe terus mangan pecel lele ngombene teh anget!” alokku kanthi nampani bungkusan . Ning bungkusane ora kaya padhatan, luwih cilik. “Wah opo wareg aku” batinku. Bareng tak buka, “heladalah.... lha kok mung iwak lele karo teh anget lah segone ?!”
Apa aku dipikir kucing ya?
No comments:
Post a Comment