Tuesday, November 22, 2011

Parikan Gawe Sedulur – Peni Teko Ngawi – Bab Papat

Peni pancen wanodyo sing ngedab-edabi,
Naliko crita karo Supangat durung selesai,
Peni wis duwe usulan crita tentang seorang lelaki,
Lelaki yang dikenal akhir-akhir ini,

Kocap kacarito sak wijining dino,
Peni nglayani nasabah neng nggone kerjo,
Kanthi sabar dijelasne siji mboko siji nganti cetho,
Peni oleh telpun soko salah sijining priyo,

Si priyo takon bab sing ora maton,
Kadang takon sing ora katon,
Ketoro yen lagi brahi pengin cedhak karo wong wadon,
Mulane jagongane di selingi karo guyon,

Singkat cerita Peni nuli janjian,
Janji ketemu untuk minta penjelasan,
Si priyo nuli teko dalam waktu yang telah ditentukan,
Teko kanthi klecam-klecem penuh keyakinan.

Si Priyo jenenge lengkape Edi Suhedi,
Ning paling penak di sebut wae Edi,
Edi iki sawijining pegusaha ban mobil lan velg merk luar negri,
Wis tahunan anggone wiraswasta nganti berhasil koyo saiki,

Lek ndelok dedeg piyadege ora sepiro,
Di arani gagah yo podho karo wong liyo,
Malah keporo ngganthengan adoh dibandhing mas Kentus Wikantoyoso,
Ning sing jelas tetep kalah keren dibandhing mas Haryanto,

Edi uwonge prasojo,
Sejatine duwe mobil cacah limo,
Nyandi-nyandi dheweke milih gawe mobil sing paling olo,
Sing liyane mung digawe yen ono urusan kulowargo,

Edi kuwi yo wis duwe istri,
Istrine cantik persis wajahe Desi Ratnasari,
Duwe anak sing lucu kaya Clara pemain sinetron neng tipi,
Duwe apartemen elit neng daerah Slipi,

Edi lan bojone suwe wis ora atut,
Dhasare Edi wonge pancen manut,
Masiyo ora oleh jatah-e bojo ning ora nate nuntut,
Mergo Edi uwonge emoh ribut,

Mergo kuwi terus mulai kenalan karo candu,
Edi ugo kenal barang haram sing jenenge sabu-sabu,
Kadang-kadang yo tuku putauw,
Ning mergo sugih ora pernah nganti sakauw,

Edi ugo duwe omah gedhe magrong-magrong,
Omahe gedhe dibangun neng pinggir embong,
Ning ora duwe tanduran lombok lan terong,
He...he....he.. ning omahe jarang di ambah uwong,

Sawise kenal Peni wis rada suwe,
Mulai si Edi ketoro nakale,
Sing maune mung ngajak metu mangan sak lumrahe,
Ning saiki malah ngajak dugem setelah sore.

Lha apes-e Peni sik during mudheng,
Di pikir Edi kuwi wong sing paling anteng,
Masiyo wajah ora telalu ganteng,
Ning Edi di anggep ora duwe pikiran peteng,

Awal-awal-e Edi curhat,
Tentang keluarga dan kerabat,
Di lanjut tentang hubungane karo istri sing ora sehat,
Malah crito yen bojone arep di pegat,

Nyemak critane Edi, si Peni rumongso welas,
Karo lelakone si Edi sing keluargane ora pati jelas,
Peni mulai menilai yen bojone Edi kuwi wanito sing culas,
Ugo menilai yen sing wadon kuwi wong sing keras,

Mulo si Peni mulai duwe ati,
Yen jaman saiki di arani simpati,
Ning akeh sing ngarani kuwi empati,
Ning sing jelas Peni mesakne lelakone si Edi,

Tambah dino ‘kekancane’ wong loro tambah raket,
Lek jare bocah enom iki ’makin deket’,
Cara ngobrol berdua semangkin anget,
Si Edi ora sadar yen ngene kuwi sing bikin ruwet,

Si Edi mulai usaha ngapek atine Peni,
Awale mulai menehi hadiah sing warna-warni,
Mulai parfum, sepatu lan klambi,
Lan maneko barang sing ora mbejaji,

Kanggone Peni barang ngene kuwi ora duwe arti,
Soale regane ora nganti njupuk duit gaji,
Yen Peni pengin duwe, mung kari njaluk neng suami,
Mesthi kabeh bakal ditekani,

Edi menehi hadiah naliko Peni arep lungo Luar Negri,
Hadiahe arupo duit yu s di, ……..(singkatan teko USD)
Mestine jumlahe akeh ngedab-edabi,
Olehe menehne pas ketemu bengi sebelum pergi,

Sak liyane duit, Peni ugo diwenehi Blackberry,
Jare Edi: ben tambah penah olehe komunikasi,
Jare Edi: iki hadiah khusus kanggo ’calon istri’,
…..Lho kok malah nggendhengi..??

Tambah suwe si Edi tambah wani,
Mulai mengungkapkan isi hati,
Ngajak Peni kawin siri,
Peni kaget setengah mati,

Sajake Edi dudu kalebu kaum santri,
Soale Edi ora ngerti sing lagi diomongne karo Peni,
Kawin siri kuwi ora mung iso angger muni,
Ora kok angger lagi birahi terus ngajak rabi,

Syarat lan rukun nikah siri kudu tetep di penuhi,
Mulai mempelai, wali, lan saksi,
Lha iki Peni sik meger-meger duwe suami,
Bojone Peni arep diseleh endi?

Sopo sing gelem dadi wali?
Opo Wali Peni kudu tekakne teko Ngawi?
Kanggo menikahkan Peni?
Lha wong Peni duwe alangan secara syar’i

Ning Peni tetep mikir,
Mikire sinambi budhal ngantor karo nyetir,
Iki sajake tawarane wong kenthir,
Kanggo nylimur ati, Peni nuli akeh dzikir,

Peni ora menehi jawaban,
Di pikir Edi kuwi wong waras opo wong edan?
’Wong aku wis duwe sisihan,
lha kok malah ora ngajak ora karuan.’

Cekak cingkrange bojone Edi ngerti,
Yen Edi duwe hubungan khusus karo si Peni,
Mulo istri sering sms lan telpun Peni awan lan bengi,
Kanthi suroso sing ora perlu di tanggapi,

Mergo ora di tanggepi si istri tambah wani
Peni di labrak kanthi duko yayah sinipi,
Kanthi omongan sing nggarahe emosi,
Ning Peni tetep iso menahan diri,

Peni mung iso ngelus dhodho,
Oalah lelakon kok tambah ndodro,
Opo ngene iki ugo dilakoni wong liyo,
Ben ora sumpek Peni nuli crito neng mas Anto,

Peni njaluk pertimbangan,
Ben ora salah dalam mengambil tindakan,
Sing jelas ora mungkin crito neng kanjeng sisihan,
Yen crito ojob, opo kepingin terjadi peperangan?

Mas Anto nuli aweh nasehat lan pitedah,
Olehe ngandhani memper simbah,
Simbah sing nuturi sang wayah,
Murih Peni ora nglakoni tumindak kang salah,

Pituture ngene :

Kudu digalih kanthi temen ing manah,
Kanthi pikiran sing genah,
Kanthi ati kan wening lan bungah,
Ning kabeh sing iso di gayuh titah sak wantah,

Ojo mergo hadiah pikiran dadi owah,
Ojo mergo hadiah nganti lali anak lali omah,
Ojo mergo hadiah kowe gampang mlumah,
Ojo mergo Nasabah keluarga dadi Bubrah,

Oalah....oalah.......
Bocah... bocah.....
Parikan kok tambah nggladrah,
Sakmene dhisik, aku yo wis sayah..