Sunday, February 26, 2012

Parikan Gawe Sedulur - Undhak-undhakan Gaji

Wis jamake tiap awal tahun,
Perusahaan kudu ngitung lan nyusun,
Undhak-undhakan gaji, mbarengi mundhake rego sabun,
Kabeh perusahan duwe kewajiban lan kudu purun,

Ning koyo pengalaman sing sampun-sampun,
Ono perusahaan sing mbulet ora mantun-mantun,
Olehe ngitung mundhake gaji wis meh ganti tahun,
Nganti sing nunggu wis lali alias pikun,

Karyawane olehe ngenteni kanthi tawaduk lan tekun,
Saben ono pengumuman langsung di waca ora kober kantun,
Olehe ngenteni ora kober nglamun,
Soale undhak-undhakane di arep-arep gawe anak turun,

Kabeh karyawan olehe ngenteni ya kanthi utun,
Kabeh perintah dilakoni kanthi dhawuh sumuhun,
Kabeh target wis dilakoni kanti runtun,
Mugo2 mundhake iso di gawe tambah-tambah tuku parfum,

Dino sing di anti dugi sampun,
Kabeh ningali rekening kanthi ati sing gumun,
Nyatane mundhake ... pusss.....mung iso gawe tuku semangkok es selun,
Di bandhing taun wingi nilaine keporo malah mudhun,

Karyawan kabeh getun,
Ngunek-unekne perusahaan jare koyo neng Film Kartun,
Perusahaan ora duwu roso matur suwun,
Akhire karyawan olehe nyambut gawe males tur karo nglamun....

Piye to Tun.-Atun??? Atun????
Ampun....deh...ampun....


Edisi manyun.....
Suwun

No comments: