Wednesday, August 29, 2018

Parikan Gawe Sedulur - Petruk Dadi Ratu


Naliko Jaman SBY,

Akeh arek ketok wudele,

Yen di kandhani jare nggarahi PD,

Jare model klambi gawe ngirit bahane

 

Ning saiki

Wis Jaman J***WI,

Kepilih rakyat wis sakwetoro sasi,

Akeh keibijaksanaan sing di adhepi,

 

Wis akeh aweh prestasi

Prestasi sesuai janji

Conto ne mboko siji

Coba gatekno ono ngisor iki

 

Bakal ngadegne bank Tani,

Bank tani wis madeg ing angger propinsi,

Iki patut di apresiasi,

 

Hari Santri,

Pertumbuhan ekonomi sing ngedab-edabi

Indosat di beli (lagi)

Mandiri ucul teko kelek e Ibu Suri,

 

Kasunyatane endi?

 

Ora perlu kabeh di petani,

Mengko malah keno polisi,

Aku yo wedi,

Ojo sampek perkoro ngene mlebu bui,

 

Ning piye maneh,

Akeh kebijaksanaan sing aneh,

Ora mung jare ku, ning jare wong akeh,

Sing kudu di adhepi kanthi sareh

 

Ono Critane

Peresmian waduk Gedhe,

Sing ora biasane,

Ora podho Karo Jaman SBY,

 

Yen saiki,

Peresmian ditindakne karo Ibu Suri,

Sing duwe Partai,

PROTAP peresmian wis diganti,

 

Tax Amnesti

Biyen jare digawe narik dana sing parkir neng luar negri,

Ning nyatane saiki,

Dana tetep parkir neng luar negeri,

 

Jaman saiki, ketok yen grusa-grusu,

Ono menteri diangkat jebul kleru,

 

Peraturan wis jelas,

Ning Pemerintah dhewe sing nrabas

 

Gonta-ganti menteri,

Prasasat angger sasi,

Ketok yen ora duwe standarisasi,

Eh koyo ora duwe misi lan visi,

Cocok digawe ora cocok enggal ganti,

 

Koyo ora ono prosedur recruitment,

Koyo Pemerintah ora duwe komitment

Sing penting konco permanen,

Senajan onok bahaya Laten

 

Sing anyar,

Ono menteri di pecat mung sepasar,

Menteri iki cukup kawentar,

Diangkat menteri maneh diwakili Arcandra Thahar,

 

Ono maneh sing dadi Ontran-ontran,

Naliko ono salah siji kejadian,

Sing di duga pasal penistaan,

Wong muslim njaluk keadilan,

 

Supoyo enggal di proses kepolisian,

Ning pemimpin tumindak lamban,

Di pikir iki perkoro guyonan,

Kamangka iki masalah keyakinan,

 

Naliko klambi putih lan Sorban

Ngebaki dalan-dalan ,

Kabeh duwe niat kemaslahatan,

Kabeh digelar kanthi rasa aman,

 

Eman… eman bin eman

Pak WI ora ndudohne jiwa pimpinan,

Naliko rakyat kepingin sowan,

Jengandiko malah jalan-jalan

 

Jalan-jalan sing kudune iso perwakilan,

Jalan-jalan mung ndelok proyek nilai jutaan,

 

Sewu alasan,

Sing macet neng dalan,

Sing ora oleh karo bawahan,

Sing jare alasan keamanan.

 

Dipikir rakyat ora duwe pikiran,

Dipikir rakyat e dhewe iku ancaman,

Dipikir rakyate dhewe mungsuh bebuyutan,

Ora eling jaman pemilihan,

Isuk-2 wis bllusukan,

Golek dukungan,

Supaya iso lungguh neng kursi keprisedanan,

 

Saiki wis lali,

Prasasat Slogan e salah siji produksi,

Sing salah siji ne nggawe Kursi

“kalau sudah duduk lupa berdiri”

 

Hmmmmmm

 

Aduh negeri ku,

Tambah dino tambah lucu,

Timbang mumet aku tak turu,

Sesuk aku kudu mlebu,

 

Mugo-mugo aku enggal tangi,

Senajan iki mung kedaden neng jama J***WI

 

Muga-2 negaraku tetap aman

Rakyat tetep iso mangan,

Ora ono ontran-ontran,

Kabeh iso di rampungi tenanan

 

Edisi  #ngengleng#

Sunday, May 28, 2017

Parikan Gawe Sedulur - Kaos Baru


Malam Minggu,
Aku mlaku-mlaku,
Karo anak lan bojoku,
Nggawe kaos baru,

Sing dikirim karo koncoku,
Dikirim pas dino sabtu,
tak Gawe neng  Alun-2 Batu,
Gak sengaja aku ketemu,

Ketemu karo familiku,
Dhe’e ngomong, “kok apik kaosmu?”
“Iyo” jawabku,
Wong iki aku ora tuku,

Di wemehi koncoku,
Bungah lan seneng-e atiku,
Nyatane koncoku perhatian karo aku,
Aku dadi terharu,

Tengkyu,

Ukuranne jan pas
Ora mbuak babar blass,
Aku malih koyo artis papan atas,

Gayaku gak lagi melas,
Sing jelas,
Pilihane berkelas,
berkualitas,

aku dadi ngeroso jan waras..


Edisi :Tengkyu Co

Parikan Gawe Sedulur –Peni Teko Ngawi – Bab 5

Peni saiki wis berubah,
Saiki dadi wong sing tekun ngibadah,
Tahun ngarep titele wis tambah,
Karo Bojone lungo kaji neng Mekah,

Bali mulih mesti wis kasebut Hajjah,
Karo bojone malah wis dihadiahi omah,
Kamongko regane ora murah,
Tandhane bojone tresno ora lumrah,

Saiki Peni manggon neng omah anyar,
Nyedhaki kerjone sing yo tambah mayar,
Ora kakehan tuntutan lan gebyar,
Kabeh di lakoni kanthi lancar,

Uripe Peni tambah tumata,
Ora nate kroso rekasa,
Kabeh di lakoni kanthi marem ing rasa,
Senajan urip adoh karo ingkang raka,

Ning urip pancen  ora luput teko godha,
Jenenge menungso ora luput teko salah lan dosa,
Semono ugo Peni sing uripe tambah mulyo,
Prembik2 penggoda mulai ono,

Naliko pindah neng panggonan saiki,
Peni kanthi duwe kepinginan kang suci,
Salah sijine pengin adoh karo Edi,
Sing nate menehi hadiah Blackberry,

Naliko di tinggal,
Edi ora ketingal,
Saiki wis ora nate nggodha kanthi nakal,
Padahal iki ora halal,

Ning Edi sik sering kirim sms,
Senajan iki ora pantes
Peni wis ora gelem bales,
Pen iwis ora rumongso maneh gemes,

Semono ugo akeh nasabahe kaget,
Malah ono sing kirim kabar lek kangen,
Padahal rata2 umure wis mepet,
Dasar nasabahe akeh sing ganjen,

Dasar Peni wong sing supel,
Wonge yo ora gampang mangkel,
Yen mangan senengane sambel,
Saiki malih sering mangan nasi timbel,

Nuwun sewu, meniko dereng cuthel,
Kepekso critane kulo punggel,
Lek dowo-2, mangke wonten ingkang mungel….
….crito kok mutel-mutel….(eh muter..muter)


Edisi : memenuhi janji

Tuesday, August 14, 2012

Parikan Gawe Sedulur - Ngelu

Sirahku rasane koyo di thuthuk palu,
Aku lungguh neng kursiku,
Wayah nggarap laporan saben minggu,
Bingung , padahal laporan kuwi kudu,

Aku clingukan opo wae sing perlu,
Perlu di tulis neng buku,
Olehku mikir nganti ngelu,
Aku dideadline jam pitu,

 Padahal iki wis meh jam nem,
Srengengene wis mulai surem,
Mripatku wis njaluk merem,
Sikil rasane kabeh njarem,

 Soale bubar kunjungan neng kantor cabang,
Ndelok kondisine opo sing kurang,
Sing iso digarap kanthi rego sing ora larang,
Munggah mudun tangga ping pirang-pirang,

 Clingak-clinguk rasane malah pengin turu,
 Wujude laporan sik during metu,
 Kamongko pak bos wis nunggu,
 Rekapan laporan iki dadi ukuran kerjaku,

 Neng ngarepku lungguh wanodya ayu,
 Nggawe rok span sak nduwure pupu,
 Sajake wis rodok lesu,
 Praupane katon lencu,

 Mulane boyoke diselehne bangku,
 Sajak lungguhe setengah turu,
 Aduh….mripatku…
 Weruh barang sing rodo saru,

 Tangane uthek2 dolanan BB,
 Neng kursi boyoke di sendhekne,
 Setengah ora sadhar sikile di jarne,
 Nganti ora karu-karuan enggone,
 Lan malih katon sembarange,

 Aku mung iso nahan nafas,
 Nganti ora kroso yen AC-ne panas,
 Aku nglrik karo roso was-was,
 Wong dheweke lungguh karo kipas-kipas,

Aduh Mak-e….
Tak delok opo tak neng ne?
Lha laporanku terus piye?
Sopo sing arep nerusne…
Oalah …thole…thole…..

Utekku malih buntu,
Tangan dadi kaku,
Ngetik tansah kleru,
Nulis abang dadi biru,

Aduh… aku ngelu,
Piye laporanku,
Ora mari-mari mergo ono sing mengganggu,
Wis … tak putusi…..laporan tak kirim dino Sabtu,

 Sori bos….

 Edisi : cluthak .

Tuesday, June 12, 2012

Parikan Gawe Sedulur - Jelalatan

Setelah sekian lama aku berkutat,
Di pabrik yang lama aku rasa nikmat,
Dengan suasana yang hangat,
Dan juga kondisi bersahabat,

Jauh dengan kata maksiat,
Hari ini aku keluar melihat,
Bepergian lewat bandara Juanda yang padat,
Menuju Semarang dalam rangka melawat,

Untuk program pengawasan melekat,
 Dengan menikmati secangkir kopi hangat,
Duduk di konter dunkin donat,
Meniru gaya pejabat,

Pejabat dari kantor pusat,
Sambil minum aku duduk tercekat,
Batinku benar-2 terperanjat,
Melihat banyak wanita cantik yang lewat,

Yang membuat mata untuk melihat lekat-lekat,
Tidak kurang yang membuat ingin mendekat,
Karena diantara mereka banyak yang membuka aurat,
Memakai baju yang memikat,

Dan banyak yang mengundang syahwat,
Kalau yang pake kaos banyak yang ketat,
Seakan semua seperti melekat,
Ada yang pakai rokpun seakan hanya memakai ikat,

Kadang terlihat gambar (maaf) cawat,
Seperti segitiga yang menempel di p**tat,
Banyak yang pakai rok mini begitu diangkat,
kelihatan …… itu……kota Ciputat

 Demikian juga ketika sampai di tempat,
Di sebuah bank dengan reputasi hebat,
Bank luar dengan permodalan yang kuat,
Banyak yang berpakaian minim amat,

Sobat,
Mudah-mudahan aku kuat,
Melihat hal ini sebagai nikmat,

Yaa Allah Yang Maha Hebat,
Berilah petunjuk bahwa ini setan yang bemuslihat,
Berilah petunjukmu bahwa ini adalah langkah sesat,

Oalah tobat…. tobat….
Apakah mereka tidak mengerti syari ’at?
Ataukah untuk beli baju mereka gak kuat?
Atau memang alasannya bajunya sudah gak muat?

Padahal aku yakin mereka bukan orang melarat,
Aku yakin mereka bukan orang yang gak bisa baca Ayat,
Bahkan aku yakin mereka juga mengerjakan sholat,
Aku yakin mereka pasti pernah dengar nasehat ustadz,

Apakah tidak takut cambuknya malaikat?
Apakah tidak takut siksa akherat?
Apakah memang dunia sudah dekat?
Dekat dengan kiamat?


Edisi : jalang

Wednesday, May 9, 2012

Parikan Gawe Sedulur - Mundur

Ati deg-degan dadi sumyur,
Ono pengumuman teko pejabat ndhuwur,
Koyo sing wis tak ukur,
Awak yen lagi ora mujur,

Mundhake gaji sing di janjeni bakal di undur,
....... atiku mung misuh .......BAJIGUR...
Iki kok koyo model politik tarik ulur,
Kamongko wis tak jagakne gawe mbayar kreditan kasur,

Bojoku yo wis njaluk di tukokne wedhak pupur,
Yen cukup yo ditambah lulur,
Malah anakku wis ngajak rekreasi numpak sepur,
Jare bojoku beras-e yo wis entek wayahe nempur,

Malah utang neng warung wis wayahe nyaur,
Yen metu paling ora iso di gawe nambah ngebul dapur,
Alhamdulillah yen iso di gawe ndandani sumur,
Ning wis koyo di atur,

Mundhake gaji dino iki mundur,
Kabeh angen-angenku dadi mabur,

Ning dhasar aku wong luhur,
Lek Jare ibuku aku termasuk wong jujur,
Mamulo aku ora kok terus tumindak ngawur,

Kojur-kojur,
Terus piye iki dulur?
Lek ngene ki sopo sing kudu aweh pitutur
Pitutur nyang wong ndhuwur?

Opo aku iki di anggep bangsane kenthur,
Sing nomer togel-e nomer telulikur,
Opo aku iki mung doyan sayur?
Opo dipikir obatku trimo beras kencur?

Sing ora butuh duit mergo wis uzur?
Oalah Ajur-ajur,
Iki suwe suwe kok mbulet koyo susur,
Ning yen sepisan maneh di undur,

Wah........ aku ora iso matur,
Sing jelas iki bakalan tewur,
Sajake podho ngajak tawur,

Piye dulur?
Akur??
Sing setuju tangane diangkat mendhuwur!!


 Edisi: sumyur

Thursday, March 29, 2012

Parikan Gawe Sedulur - Undhak-undhakan Gaji (2)

Koyo wis di babar neng bab siji,
Sing dak muat ugo neng Note iki,
Sing tak muat neng pertengahan Februari,
Crita bab undhak-undhakan gaji,

Ing tanggal 29 februari,
Koyo sing management wis janji,
Selisih Undhak-undhakan gaji dikirim saiki,
Di transfer neng rekening pribadi,

Karyawan lan karyawati nuli ngecek siji-siji,
Iki kudu ora keno lali,
Koyo padatan PNS neng wayah awal sasi
Age-age nuju ATM ben ora antri,
Ono sing ndelok lewat sambungan internet banking lewat wifi,

Tetapi apa yang terjadi???
Meh kabeh karyawan pucet ing rai,
Naliko weuh ongko sing tersaji,
Nyatane mundake gaji ora mbejaji,
Ati nangis mbrebes mili

Undhak-undhakane mung iso digawe tuku sebungkus roti,
Kamongko iki banget wis di enteni,
Sing wis di critakne neng anak istri,
Yen mundhak gaji arep di gawe rekreasi...
........................ menyang endi???

Kudune para penggedhe management kudu ngerti
Opo maneh pas masa transisi,
Kudu luwih perhatian karo karyawan / karyawati,
Sing perusahaane bakal di ambil alih perusahaan Muangthai,

Kondisi koyo ngene iki,
Kesempatan gawe ngundhakne kanthi ongko sing mbejaji,
Ojo mung di gawe basa-basi,
Ojo nganti mundhake kalah karo laju inflasi

Lek perlu di undhakne neng grade sing tinggi,
Mengko yen mlebu perusahaan anyar gajine ora mungkin di kurangi,
Sing ono tiap tahun evluasi,
Yen ngene perusahaan lawas pancen sip nomer siji,

Ning di koyo ngopo wae iki wis dadi rejeki,
Sing di atur karo Illahi,
Kabeh kudu disyukuri,
Rejeki ora keno di caci,

Gaji kuwi sadermo ongko sing nyolowadi,
Kadhang ora iso cerna logika insani,
Akeh sing duwe gaji sithik ning sing penting murakapi
Sing penting halal lan di barokahi,

Or sithik gaji cilik ning tentrem neng ati,
Ora duwe penyakit alias sehat jasmani,
Gaji sithik kuwi urusan duniawi,
Mulane ora usah saling iri,

Opo maneh dengki,
Tuwas loro ati,
iso merendahkan harga diri,
bahkan hipertensi...
Wah..... yen lewat sithik terus ........,,,
MATIIII

Iki kudu disyukuri bener-bener,
Coba deloken poro manager,
Gajine ora mundhak mung kari thenger-tenger,
Mung kari meneng koyo wong klenger,
Angger wong ngomong mung lenger-lenger...
Aku yakin utek-e mesti padho munyer,
Bener????

Edisi:munyer..

Friday, March 23, 2012

Parikan Gawe Sedulur - Aspirasi

Semua ini cepat terjadi,
Diawali karena pabrik akan di akuisisi,
Oleh Perusahaan dari Thailand yang dulu disebut Muangthai,
Melalui surat presdir yang telah di tandatangani,
Menandai adanya sebuah transaksi,
Artinya Pabrik akan segera di beli,
Semenjak itu lah kehidupan pabrik seakan berhenti,
Semua khasak-khusuk mencari informasi,
Informasi yang bisa mewakili,
Karena pejabat yang berwenangpun juga tidak mengerti,

Kita layangkanlah surat,
Untuk mencari apa yang tersirat,
Hingga bisa dijadikan dasar yang kuat,
Dasar apa yang akan kita perbuat,

Namun semua pejabat tidak mengerti,
Apa yang sedang karyawan cari,
Sehingga kedatangan para pejabat, seperti:
Pak sanggam di dampingibu selvi,
Tidak kuasa menampung aspirasi,
Sehingga Bapak-Ibu dari Jakarta kembali,
Hanya memberikan janji-jnaji,
Yang entah kapan terealisasi,

Sebenarnya mudah di pahami,
Kami hanya menanyakan hak kami,
Itupun kita tidak minta hal yang tinggi,
Hanya normatif yang berlaku di negeri ini,

Sekali lagi,
Kami cukup tahu diri,
untuk tidak minta yang bukan hak kami,
Tetapi,
Kami jangan di buat emosi,
Tahukah kita selama ini,
Perusahaan ini telah mengeruk dari bumi pertiwi,
Yang semua ini tanpa kita sadari,

Maaf ini bukan masalah rasial,
Kami juga bukan penganut radikal,
Kami hanya berbicara masalah sosial,
Kita kan sekarang bukan hidup di jaman feodal,

Jadi,
Yang kita tuntut hanyalah sebuti biji,
Dari sebongkah roti yang penuh gizi,
Kami hanyalah menanyakan status karyawan kami,
Hak karyawan dan karyawati,
Kejelasan THR nanti,
Medical claim atau tunjangan kesehatan yang ada selama ini,
Hak cuti,
Hak atau tunjangan untuk naik haji,
(...he... he...he.. kalo di beri...)
Oh ya dana Pensiun juga harus di bagi....
Siapakah yang akan memenuhi?
Apakah kita harus jualan Besi????
Apakah kita harus jual satu-perstu mesin produksi???
Nehii!!!
Kita tidak akan lakukan ini,
Nanti malah kami berurusan dengan polisi,

Apalagi selama masa transisi,
Memerlukan waktu yang berhari-hari,
Bisa jadi tahunan seperti pengalaman selama ini,
Siapa yang akan menanggung hak-hak kami?
Apakah Boral yang sudah angkat kaki,
Alias sudah melarikan diri diri?
Mustahilkan kalau di datangkan lagi!

Pak Sanggam,
Tolonglah Bapak jangan bungkam,
Bapak janganlah diam,
Janganlah mengaku Bapak tidak paham,
Berbicaralah ke pemilik saham,
Jangan sampai mereka membikin kami muram,
Apalagi membuat pabrik ini suram,
Sehingga membuat hati kami jadi geram,

Pak Widya,
Janganlah bermuram durja,
Janganlah Bapak diam saja,
Tunjukkan kalau Bapak bisa,
Dan tunjukkan lah kepada kami kalau Bapak berkuasa,
Bicaralah dengan mereka

Pak David,
Tolong bicarakan jangan hanya sedikit,
Tolong biar posisi ini tidak sulit,
Waktu kita semakin sempit,
Jangan sampai kita yang sakit,

Tolong suara kami di perjuangkan,
Kalau di kabulkan,
Bukan hanya kami yang di puaskan,
Tetapi Bapak-2 juga kan kebagian,
Karena kita sama-sama karyawan

Kami juga bukan barisan sakit hati,
Kami juga bukan orang yang mencari posisi,
Kami tidak menyebarkan rasa benci,
Bagi kami ini hanyalah urusan periuk nasi,

Sekali lagi ini hanyalah aspirasi,
Inil bukalah petisi,
Apalagi provokasi,
Ini hanyalah secarik puisi
Untuk mengetuk hati nurani,

Yang jelas kami sangatlah punya harga diri,
Yang tidak bisa dibeli,
Walaupun dengan Dolar australi,
Yang kami minta hanyalah hak-hak kami,
Karena kami bangsa yang mengerti,
Karena kami hidup di bawah naunngan NKRI...
HIDUP REPUBLIK INI!!!

Edisi : semangat untuk anak istri,

Tuesday, March 20, 2012

Parikan Gawe Sedulur - Ontran-Ontran Kerajaan (1)

Olehku mikir iki jan temenan
Angel olehi mulai tekan endi,
Soale iki masalah kerajaan ...eh .. perusahaan,
Sing nduweni akibat nyang karyawan lan karyawati,

Anggep wae iki koyo crito kerajaan,
Kerajaan sing nduweni pemerintahan,
Pemerintah pusat lan pemerintah daerah,
Ning birokrasine ora pati nggenah,

Kerajaan iki manggon neng Indonesia,
Senajan iki cuman kerajaan boneka,
Sing dikendalikan karo wong monco negara,
Kantor pusate ono ngisor garis katulistiwa,

Rupane kantor pusat wis rumongso sumuk,
Mulane kerajaan boneka nuli didol ben duwe susuk,
Sopo wae oleh tuku sing penting regane cucuk,
Yen iso saiki yen ora iso yo sesuk,

Sawise kabeh wis beres,
Sang raja nuli gawe maklumat agreement sales,
Kabeh kawulo nuli moco lan neges,
Ning naliko ngerti surasane kabeh dadi lemes,

Poro kawula podho getem-getem lan gemes,
Pengumumane ora jelas bin ora teges,
Soale surasane gawe ngenes,
Nggarahi nyambut gawe dadi males,
Lan nggarahi weteng dadi mules,

Kawulo dadi goreh,
Opo bkalan sing di pikoleh?
Opo raja bakalan loman terus weweh brah-breh,
Soale iki mulai awal ora pati beneh,

Kawulo mulai kasak-kusuk,
Nganti awan mulai isuk,
Mlebu kerjo amung digawe tandha yen tundhuk,
Ben ora di cap ora kerjo kaya wong wungkuk,

Poro nayaka praja mulai bingung karepe dhewe,
Coba njelasne opoto sejatine isine,
Ning rakyat ora mudheng karepe,
Terus njaluk penjelasan sing iso dadi pathokan ing tembe,

Wis loro nayaka aweh penjelasan,
Ngajak rapat sing ora duwe batasan,
Soale bareng di takoni iki karepe dhewe opo dadi utusan?
Nayoko 2 mung mesem-mesem karo kondho “ iki mengko tak gowo ke atasan”

Para kastriyo mulai bergaya persis malaikat,
Mulai mengatasnamakan rakyat,
Mulai pinter ngomong lan debat,
Meh saben dino di gelar rapat,

Rapat mulai hangat,
Kabeh mengeluarkan pendapat,
Ning angel kata sepakat,
Opo maneh suara bulat,

Omongan tambah angel oleh mufakat,
Soale kabeh duwe kepentingan lan itikat,
Sing jelas dudu debat masalah syahwat,
Debat-e mengarah petisi lewat surat,

Rakyat bingung menentukan sikap,
Opo arep melu opo arep mundur,
Yen melu malih dadi loro saraf,
Yen ora melu selak ketututan umur,

Rapat wis jelas nggowo suara bulat,
Kanthi siji niat,
Kanggo kemaslahatan umat,
Kabeh tuntutan terus di muat,

Surat nuli dikirim neng sang rojo,
Dikirim lewat sang duto,
Opo sing bakal di tekani kiro-kiro,
Iki crito durung sampurno,

Bakalan kepiye enteke cerito,
Sinambi ngenteni ayo dedungo,
Lan tetep makaryo,
Mugo-mugo kabeh kalis ing sambikolo,

Mamulo,
yen ngene kuwi ugemana dhawuhe pandhito,
Kabeh wis ono takdir iro,
Ojo podho nggege mongso,

Edisi ngenteni

Izin Telat

Maaf pak bos, hari ini saya izin (lagi) telat,
Pagi tadi mulai bundaran Apolo sudah merambat,
Ternyata di Raya Porong macet hebat,
Bis dan angkutan saling serobot dan saling sikat,
Para sopir saling mengumpat,
Jalanan jadi sangat padat,
Bahkan kendaraan sampai berjajar empat,
Bahkan roda dua pun susah lewat,
Hanya bisa berjalan lambat,

Pada jam delapan lewat,
Bis yang aku tumpangi masih berkutat,
Untuk keluar dari kemacetan yang sangat rapat,
Begitu keluar, bis langsung berjalan cepat,
Bagai anak panah yang keluar dari busur secara pesat,
Akh…. Ini bis kok begitu nekat,
Di jalan tol bis berjalan zig-zag mirip balap gorkart,
Dalam hati ku mudah-mudahan nyampe dengan selamat,
Akhirnnya bis merapat,
Di Gerbang tol Siodarjo yang dilarang turun oleh aparat,
Tetapi aku turun dengan nekat,
Toh gak ada aparat yang melihat,

Misalnya ada aparat paling aku cuman bisa bilang "TOBAT".....

Nyampe di kantor jam sembilan tepat,
Berarti aku datang sangat terlambat,
Seperti biasa aku ajukan syarat,
Masuk telat berarti pulang juga telat,
Biar namaku tetap tercatat,
Agar tetap di maklumi oleh Bos yang terhormat,
Sehingga kenaikan gajiku tidak terhambat,
Hingga bisa terpenuhi janjiku ke anak untuk nonton akrobat,
“Itu kalau gaji bapak naik setingkat”

Sekali lagi maaf bos, saya terlambat.

----Tamat----
Edisi telat,