Thursday, March 29, 2012

Parikan Gawe Sedulur - Undhak-undhakan Gaji (2)

Koyo wis di babar neng bab siji,
Sing dak muat ugo neng Note iki,
Sing tak muat neng pertengahan Februari,
Crita bab undhak-undhakan gaji,

Ing tanggal 29 februari,
Koyo sing management wis janji,
Selisih Undhak-undhakan gaji dikirim saiki,
Di transfer neng rekening pribadi,

Karyawan lan karyawati nuli ngecek siji-siji,
Iki kudu ora keno lali,
Koyo padatan PNS neng wayah awal sasi
Age-age nuju ATM ben ora antri,
Ono sing ndelok lewat sambungan internet banking lewat wifi,

Tetapi apa yang terjadi???
Meh kabeh karyawan pucet ing rai,
Naliko weuh ongko sing tersaji,
Nyatane mundake gaji ora mbejaji,
Ati nangis mbrebes mili

Undhak-undhakane mung iso digawe tuku sebungkus roti,
Kamongko iki banget wis di enteni,
Sing wis di critakne neng anak istri,
Yen mundhak gaji arep di gawe rekreasi...
........................ menyang endi???

Kudune para penggedhe management kudu ngerti
Opo maneh pas masa transisi,
Kudu luwih perhatian karo karyawan / karyawati,
Sing perusahaane bakal di ambil alih perusahaan Muangthai,

Kondisi koyo ngene iki,
Kesempatan gawe ngundhakne kanthi ongko sing mbejaji,
Ojo mung di gawe basa-basi,
Ojo nganti mundhake kalah karo laju inflasi

Lek perlu di undhakne neng grade sing tinggi,
Mengko yen mlebu perusahaan anyar gajine ora mungkin di kurangi,
Sing ono tiap tahun evluasi,
Yen ngene perusahaan lawas pancen sip nomer siji,

Ning di koyo ngopo wae iki wis dadi rejeki,
Sing di atur karo Illahi,
Kabeh kudu disyukuri,
Rejeki ora keno di caci,

Gaji kuwi sadermo ongko sing nyolowadi,
Kadhang ora iso cerna logika insani,
Akeh sing duwe gaji sithik ning sing penting murakapi
Sing penting halal lan di barokahi,

Or sithik gaji cilik ning tentrem neng ati,
Ora duwe penyakit alias sehat jasmani,
Gaji sithik kuwi urusan duniawi,
Mulane ora usah saling iri,

Opo maneh dengki,
Tuwas loro ati,
iso merendahkan harga diri,
bahkan hipertensi...
Wah..... yen lewat sithik terus ........,,,
MATIIII

Iki kudu disyukuri bener-bener,
Coba deloken poro manager,
Gajine ora mundhak mung kari thenger-tenger,
Mung kari meneng koyo wong klenger,
Angger wong ngomong mung lenger-lenger...
Aku yakin utek-e mesti padho munyer,
Bener????

Edisi:munyer..

No comments: