Monday, March 31, 2008

Manuk Nyolowadi 1

Pak Bejo nduwe klangenan manuk cacahe 20, maune uripe tentrem-tentrem wae, ning mbareng pak Bejo dipindah nyambut gawe ana kutha liya, bojone muring-muring terus. Sebab pak Bejo arang bali, lan saben-saben tilpun sing ditakokae mung klangenan manuk-manuke wae. Bu Bejo wis ora tahan, manuk 20 didol kabeh, lan ora gelem nyauri tilpune pak Bejo. Dina Setu pak Bejo mulih lan ketemu bojone :
PB : Lha geneya wong lanang nduwe klangenan manuk wae ora gelem ngopeni ??
BB : Tak dol kabeh pak, sebab iku nyalahi kontrak ???
PB : Nyalahi kontrak priye ????
BB : Dek rabi kontrakku rak mung ngopeni manuk siji, lha saiki aku kon ngopeni manuk selikur, siji sing tak senengi arang-arang mulih, dadi sing 20 tak dol kareben manuk pembarep-e kerep mulih.
PB;......... ......... ......... ......... ....
(Ora dibasaake Indonesia merga rada 17 tahun keatas).

No comments: