Saturday, December 13, 2008

Mat Pithi : Gol

Mat Pithi termasuk Bapak sing cinta keluarga. Bengine masiyo awake ora pati sehat, neng omah Mat Pithi ngajari anake sing lagi sekolah SD. Sing lagi dipelajari Bahasa Indonesia. Yaiku bab istilah-istilah olah raga.
“Pak, apa artine Gol?” Pitakone Mat Pithi Jr.
“ Masuk, mlebu.” Jawabe Mat pithi cekak.
“Oooooooo.” Grenenge Mat Pithi Jr.
Ora suwe ana tamu neng ngrep kang uluk salam.
“Assalamu’alaikum….. Kulonuwun……”
“ Wa’ alaikum salam……Monggo… “ saure Mat Pithi.
“ Le deloken neng ngarep sopo tamune!” Mat Pithi ngongkon anake.
Anake neng ngarep nemoni tamune. Tibake tamune Pak RT.
“ Ooo Pak RT.. Wonten menapa Pak?” Takone Mat Pithi Jr.
“Bapakmu ono?” Pitakone Pak RT.
“ Wonten Pak, taksih wonten wingking. Monggo gol…” wangsulane Mat Pithi Jr.
Pak RT bingung, “kok kon Gol ki apa karepmu le?”
“ Wau kulo diajari Bapak lek mlebet niku sami kalih gool.” Jawabe Mat Pihi Jr. cekak
===============Ono sambungane==============

2 comments:

ND said...

Lucu Mas, bocah2 khan mesti nurut karo wong tuo..jd apa kata ortu ya diikuti..asal jgn nyemplung sumur trus melu nyemplung juga..

Antok said...

ha..ha..ha.. lek nurut sing ngono kuwi jenenge kebacut..
...