Friday, December 19, 2008

Mat Pithi Panas

Wis pirang-pirang dina Mat Pithi sambatan awake gak penak, Sing nggreges, pilek, flu, watuk. Wis pokoke sambate ngentekni tembung. Ning masiyo ngono, Mat Pithi tetep mlebu kerja. Kanggone lorone padatan dheweke mangan karo konco-koncone nyambut gawe neng warung langganane.
“Wah awakku wis pirang-pirang dino iki ko rasane gak uenak blas yo..sing jelas puanas nganti saiki!” aloke Mat Pithi.
“Awak thok tah? Sirahe gak?” takone koncone.
“ Yo kabeh, awak, sirah, tangan, sikil. Mosok awak thok…. Mendhol lak’an…!!??” semaure Mat Pithi rodo gelo.
“OOoooo… kabeh tah…Saiki sik panas? Pengin ngerti carane cik gak panas tah?” takone koncone maneh.
“Yo…”
“ Ngiyup ae cak… ra sah gawe obat, mengko lak gak kepanasen!”
Mat Pithi, “##@@$$??!!”
Ono sambungane…….

No comments: