Friday, December 12, 2008

Mat Pithi : Kocok Dulu Sebelum Minum (versi Jawa)

Dina iki Mat Pithi lagi ora penak awake, wis rong dino nggreges. Wis meh semingguan dheweke turune rodo wengi-wengi. Soale kangge ngadhepi audit external. Kudune Mat Pithi oleh penghargaan teko bose, soale masiyo gak oleh lemburan dheweke lila kangge melekan neng kantor gawe nyiapi audit. Mbok menawa ana bab sing ndrawasi.
Ning dhasare Mat Pithi termauk karyawan sing tanggungjawab, dheweke tetep mlebu masiyo awake nggreges tur metu flu lan watuk e. Neng kantor Mat Pithi njaluk tulung nyang Office Boy dikon nukokne obat watuk sing rupa sirup. Mergo wis nemen tenan larane, Mat Pithi langsung ngombe obat sing bar ditukokne Office Boy tanpa takon obat apa sing ditukokne.
Rupane Mat Pithi sadar bar ngombe sirup obagt watuk mau. Kanthi kalem Mat Pithi maca tulisan sing nemplek nenggone bungkuse.
Bar maca tulisan Mat Pithi ujug-ujug nggoyang-nggoyang wetenge koyo wong kang lagi ngocak-ocak banyu rada suwe. Konco-koncone padha takon, “ Lho ana apa Mat, kok goyang-goyang koyo ana sing kari neng njero weteng?”
“Iki lho, aku mau ngombe sirup obat Watuk. Lha aku ra maca tulisane langsung tak ombe wae. Lha neng bungkuse ana tulisan KOCOK DULU SEBELUM DIMINUM, dadine y tak kocok saiki”
…..”Ooooohhhhhhh”……………………..
=======Ono sambungane=======

No comments: